Basa Jawa

Jimat Sekti

wong lanang kudu menang wong wedhok kudu ngalah wong lanang ngekep jagad wong wedok ra kena mbantah wong lanang kena saba sakdalandalan wong wedok wis mesthine ning ngumah wong lanang bedhigasan ora nggenah wong wedok ora wani obah wong lanang kuwi pancen ngglathak licik lucu lan mamak karepe wong wedok mung dikon mlumah ngglethak yen

Jimat Sekti Read More »

7 Agustus 1987

isih turu aku digugah adhiku dheweke mbengak: aku klebu sipenmaru! maca koran sing didudahake ”Endi?” adhiku nggregeli drijine nduding jenenge ”Iki lho…….” adhiku bungahe ora karuan (sida dadi mahasiswa!) simbok melu bingung pamer tangga kiwo tengen ”Mbayar pira?” ”Satus telung puluh lima ewu!” simbok ndomblang nyawang isen-isen omahe. sorogenen, solo

7 Agustus 1987 Read More »

Reco Ngglandag

reco nggladag coba takona bocah-bocah kuwi anake sapa apa kupingmu ora risi krungu cekikikane bocah-bocah kuwi coba takonana omahe ngendi iki wis bengi coba tamatna sopir-sopir becak kae turu angler ora sarungan apa sing dienteni? rejeki? reco nggladag tulung jawilna sutinah sing rambute dawa diklebang loro kuwi mengko esuk arep turu ngendhi? solo, 4.8.87

Reco Ngglandag Read More »

Asih Punk Rock

”Aja takon ngendi omahku mas!” Bapakku pegatan kawin maneh karo prawan Adhiku papet sekolahe berantakan saben ndina usrek aku ora kerasan ”Aja takon pira umurku mas!” Telung taon kepungkur aku kelas loro smp Prawanku ilang dimaling lanangan ”Aja takon iki jam pira mas! Wengi iki aku kelonana Ora bakal ana wong nggoleki (Asu! ning apa

Asih Punk Rock Read More »